WARTA JAWA | Suran Agung neng Kota Madiun Bisa Mlaku Lancar sanajan Isih Ana Pelanggaran Maklumat
Media: radarmadiun.jawapos.com
Narasumber: Eddy Supriyanto (Pj. Wali Kota Madiun)
Tanggal Posting:
22 July 2024
WARTA JAWA | Suran Agung neng Kota Madiun Bisa Mlaku Lancar sanajan Isih Ana Pelanggaran Maklumat
Tradisi Suran Agung neng Kota Madiun mlaku kanthi aman lan damai wingi (21/7). Sanajan mangkono isih durung bisa uwal saka kadadean cilik sing ditindakake oknum pesertane.
Kaya konvoi pitmontor sing nekat nganggo knalpot brong lan kendaraan bak terbuka kanggo ngemot peserta. Miturut Penjabat (Pj) Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto, pelanggaran kuwi bisa ditangani pihak kepolisian. Oknum peserta sing konangan konvoi pitmontor nganggo kanlpot brong langsung ditilang. ‘’Pancen isih ana siji-loro (sing nglanggar maklumat), tulung aja dibaleni meneh taun ngarep,’’ kandhane Eddy. Eddy ngeklem Suran Agung taun iki luwih apik tinimbang sadurung-sadurunge, nanging kudu panggah dievaluasi.