WARTA JAWA | Suroan-Suran Agung Kota Madiun Aman, Ana Kadadean sing Isih Bisa Mancing Gangguan Kamtibmas
Media: radarmadiun.jawapos.com
Narasumber: AKBP Agus Dwi Suryanto (Kapolres Madiun Kota)
Tanggal Posting:
23 July 2024
WARTA JAWA | Suroan-Suran Agung Kota Madiun Aman, Ana Kadadean sing Isih Bisa Mancing Gangguan Kamtibmas
Acara puncak Suroan lan Suran Agung neng Kota Madiun wis rampung. Nanging, pulisi isih duwe pirang-pirang cathetan saka tradisi ing perguruan pencak silat iki. Utamane babagan sing duwe potensi bisa mancing gangguan keamanan dan ketertiban masyarakat (kamtibmas). ‘’Suroan lan Suran Agung isih perlu dievaluasi,’’ kandhane Kapolres Madiun Kota AKBP Agus Dwi Suryanto wingi (22/7). Saka Operasi Aman Sura (OAS), 24 Juni - 21 Juli, isih ditemokae kadadean sing duwe potensi gangguan kamtibmas. Contone, kendaraan bak terbuka kanggo ngemot massa lan konsumsi minuman beralkohol uga knalpot brong.